Kamis, 31 Mei 2012

Katresnan dari Serat Dhandhanggula

Kapethik saking Kitab Suci Basa Jawa lang nglajengaken serat Dhandhanggula cakepan Ki Atma, mekaten serat Dhandhanggula Angger-Anggering Katresnan (Mateus 22:27-40; 1 Korinta 13:4-9,13) Sayektine prentahe Hyang Widhi Kang ginelar ing sajroning kitab Iku mung loro cacahe Tresna kang kanthi tulus Wah sagolong-gelenging ati Ajris-sih mring Pangeran Tansah mbangun turut Saha tresna mring pepadha Nora beda mring badanipun pribadi Tansah ngarah utama Tresna iku sabar sareh yekti Watak loma marang sapepadha Nora ngegungake dhewe Mangerti unggah-ungguh Tan nggolek remening pribadi Ingapurani liyan Nora gampang nesu Bungah marga kabecikan Dudu marga tumindak kang ora adil Samubarang ing tresna Katresnane manungsa sejati Nguwatake manah kang asemplah Pracaya yekti kumandel Tan pedhot ngantu-antu Tan kendhat anggone nyabari Tresna winates ora Sirna wangsit kawruh Cekake telung prakara Pracaya, pangarep-arep sarta kasih Kang pinunjul katresnan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar